Cepon Ning Pojok Pasar

- 21.29
advertise here
advertise here

Olie: Nurhata

Ana ning sewijine dongeng. Gelise wong cerita; bobade wong kanda.
Ning Desa Kaibeng ana salah sewiji keluarga kang uripe priatin pisan. Unggal dina menggawe mung cukup nggo mangan, lamon langka pegawean beli mangan; sedawuh nanggung; puasa terpaksa, bari nunggu rejeki sing langit. Keluarga iku dipimpin ning Bunawi, kang dadi endase keluarga. Kang dadi rabi arane Tukiyem. Wis sepuluh taun jamane, keluarga iku ora due anak. Waktu ning jaman semono, buang kotoran ning tela, ning sawah, atawa ning kalen wis biasa. Mungkin iku sebabe lemah ning desa iku subur pisan, nandur apa bae dadi. 

 Tangga kidul lewat pitung umah sing genae keluarga Bunawi ana bos gagah (kebun) kang wis sukses. Saking sugihe sampe keder ngolah artane. Wong kuen dibeluke Juragan, sebab sugih sawah lan gagah (kebun). Tapi, aran sing sebenere, wong sekampung beli pada weruh. Baka dibeluk sejene Juragan, biasane nyewot sewayah-wayah, kumise ngadeg, matane mencilak. Jare wong sekampung, Juragan iku wong Kamdiyah (Muhammadiyah). Pikirane Juragan lagi mumet pisan, sebab gagae ditinggal prung ning wong kang biasa ngurus. Juragan iku masih sedulur adoh, tunggal canggah wareng karo rabine Bunawi. Ora aneh lamon klalen ning sedulur, adate wong sugih mah, ora ning kana ora ning kene, pada bae kabeh.

Kaberan, tangga lore Bunawi, Toleng, liwat bari nggawa cepon karo pikulan. “Mang mene, Reang jaluk bantuane sira”, ngundang Juragan ning Toleng. “Iya Gan. Priben” jawabane Toleng. Juragan nglanjutaken omongane, saking pusinge dadi ora basa-basi maning, tembak langsung. Juragan njelasaken, “Mang Toleng, Reang ana sawah pitulas bau. Sing rong bau ditanduri kacang, dadi gagah kacang. Tapi, ditinggal resayan. Sing sewidak wong iku kari sewelas. Padahal, wong-wong iku tek gaji cukup, tek pai mangan nggal esuk, awan, lan sore. Lamon ana kang lagi gering langsung tek gawa ning kesmas (Puskesmas). Alesane ninggalaken gagah kacang kang nembe ditandur iku karena, pengen kerja ning Jekarta, supaya gajiane lebih gede, lan sing penting olih gaya atawa keren, padahal durung nemtu gelis sugih. Jarene mah, ning Jekartae iku numpak sepur, mangkate sing tapsiun (stasiun). Dadi, daripada rusak beli karuan, tulung urusen gagah kacang supaya dadi, aja pada rusak”.
Toleng langsung balik ning umah nemui rabine, Bilung, kang lagi ndodok njentul ning pojok lawang. Terus diceritaaken kabeh ning rabine. Ora enya-enyo maning, langsung ngurus gagah kacang kang tempate rada adoh, ana ning pojok desa Kaibeng. Ning kono, wong loro iku, dibaturi ning wong sewelas mau, ulet lan tekun ngurus gagah kacang sampe olih pirang-pirang dina. Pas wis olih 40 dina, gagah iku kedelangane ijo royo-royo lan seger buger. Juragan seneng pisan wayah niliki gagah iku. “Kesuwun Mang Toleng”, nyletuk Juragan ning Mang Toleng, karena nambah sukses. “Sekiki esuk tes subuh siap panen. Bari kasile seger-seger”, jawab Toleng.

Kaya biasane, Mang Bunawi kari esuk-esuk “ngantor”, luruh tela, buang comberan. Karena ketumpuh dadi padu gelis bae. Kaberan olie ning tenga-tengah gagah kacang, lumanyan steril sing intipan-intipan, pikirane Bunawi. Tapi, nyatane ning kono lagi akeh wong pada ngunduh kacang. Ora weruh Mang Bunawi tes mangan apa, karena metue alot, dadi perlu tenaga dalem, sampe ngotakeken suara kang serem ngglenggem, “hhmm…”. Dadi, wong kang lagi pada ngunduh kacang, keplayon, kebirit-birit, nerjange  wit kacang kang ngadeg nyagak ning lenjeran pring.

Mang Bunawi ora nyadar nyen akeh wong keplayon kewedian. Malahan seneng ndeleng gagah kacang laka wong. Pikirane Mang Bunawi malah kacang iku dekene Gusti Allah, dadi dipangani sampe kewaregan. Ora ngladeni masih lopat-lapet. Malah ana kang digawa balik kanggo ngrumbah atawa njangan. Karena terlalu akeh, dadi kacang lanjaran iku diwadai capon dara, digawa balik, terus diadol ning pasar. Tekang pasar, kaberan akeh wong pada tuku, karena regane murah. Adate, kacange Pengeran mah adole kudu murah, ora kena larang. 

Tamu kang beli undang sing jero weteng ngetok lawang. Ora biasa ning pasar dadi ora weruh takus umum. Wong mlarat mah mengkenen, ning pasar bae gah keder, ora bisa ngulati pembuangan limbah weteng. Akhire pikiran edane Bunawi metu, pas nyampe pojok pasar. Keadaane darurat pisan. Padu gelis bae, Bunawi ngetokaken limbah kacang sing jero weteng ning pojok pasar, terus ditutupi cepon dara. Untung pisan, langka kang weruh sebab waktune wis sore, mulai sepih. Biasane, ning waktu sore, pasar iku ora adol janganan (sayur-sayuran) maning tapi adol manuk. Segala jenis manuk ana kabeh. Sampe manuk ababil lan manuk garuda gan ana.

Pragat “semedi”, ana pemuda lewat arep tuku manuk. “Manuk-manuk, manuk-manuk…”, nyeloteh Bunawi ning pojok pasar, persis kaya wong kang biasa ngadol. Pemuda kuen muter badan, mareki Bunawi. “Manuk apa mang”, nakon pemuda. Njawab Mang Bunawi, “Manuk Blekok Super”. Manuk iku keker badane, bagus rupane, lan gede ukurane, tapi ora olih dideleng. Mang Bunawi malah njelasaken silsilah manuk iku sampe teka ning Raja Bango, kang ana ning cerita Walangsungsang, sampe pemuda iku penasaran, pengen gage nuku. Ora kesuwen, pemuda iku langsung matok rega rongatus sewu, ora nganyang maning. Jare kang ngadol manuk iku, kandange beli sembarangan, khusus. Dadi, Mang Bunawi perlu njukut kandang dipit ning umah. Wong tukue ditinggal, klambruk bae.

Bunawi selamat, merdeka. Duit ngedol kacang lan manuk lumayan kanggo majegaken pedaringan kang arep ngglimpang. Sejen karo pemuda iku, telung jam waktune, ngenteni kandang ora teka-teka. Wong tuku iku tetep ora wanih mbuka, wedi, bokatan mabur, sebab regane larang lan barang langka. Penasaran, digrayang sing sor cepon dara kang mengkureb. Sing ana cuma “jejake” Blekok Super. Tapi, pemuda iku malah mikire, tembeleke bae gede apa maning manuke. Wedi bokatan mati, dadi dibuka teka setitik, bari siap-siap ngoprol bokatan mabur. Pas dicekel, langka papa, nyekel “limbah kacang”. Pemuda iku atine ndugal, wetenge mengkel, sebab kang dienteni iku “jejake” Mang Bunawi. Cepon dara disepak mencelat adoh pitung meter, cangkeme bari nggancam-nggancam Bunawi.


* Dipublikasikan di Koran Cerbon, edisi bulan April.
muhammadnurhata@gmail.com Cp.082295405185


Advertisement advertise here


EmoticonEmoticon

 

Start typing and press Enter to search